Sabtu, 21 Februari 2026

RADEN MAS MARTAPURA, Ratu Mataram kang Mung Sadina


Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 9, Tanggal 28 Februari 2026


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 9, Tanggal 28 Februari 2026, Halaman 26


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 9, Tanggal 28 Februari 2026, Halaman 27



Salinan dari tulisan di atas


Yen penganten asring diarani ratu sedina jalaran didandani lan dilenggahake ana ing dhampar kaya dene ratu sarta disubya-subya, ing kasunyatan jebul ana wong sing bener-bener dadi ratu mung sadina. Iki dudu perkara penganten, nanging nyata dumadi ing Kraton Mataram. Sing dadi ratu mung sadina yaiku Raden Mas Martapura.

Banjur kepriye critane dene dadi ratu kok mung sadina?

Sasedane Panembahan Senapati, dhampar kaprabon kawarisake marang Raden Mas Jolang, putrane Panembahan Senapati sing miyos saka garwa prameswari kapisan, Ratu Mas Waskitajawi. Gelare yaiku Sri Susuhunan Adi Prabu Hanyakrawati Senapati ing Ngalaga Mataram kang asring sinebut Panembahan Hanyakrawati.

Panembahan Hanyakrawati peputra lima. Pembarepe asma Raden Mas Rangsang, nuli Ratu Pandhansari, Raden Mas Pamenang, Raden Mas Martapura, lan Raden Mas Cakra.

Babad Tanah Jawa jilid 1 anggitane Sugiarta Sriwibawa nyritakake yen nalika Panembahan Hanyakrawati pinuju ana ing krapyak bareng lan para pandhereke, dumadakan gerah. Sang prabu banjur nimbali Adipati Mandaraka lan ingkang raka, Pangeran Purbaya.

“Eyang saha kakangmas, sapengker kula ingkang kula lilani jumeneng nata inggih punika pun Rangsang. Nanging sarehning kula sampun nate janji menawi pun Martapura ingkang badhe dados ratu, pramila pun Martapura panjenengan jumenengaken ratu sakedhap, kangge ngluwari janji kula”.

Gerahe sang nata saya santer, nuli seda.

Beda karo crita kasebut, V. Wiratna Sujarweni ana ing bukune kang asesirah Jejak Mataram Islam di Yogyakarta nyritakake yen nalika sang prabu bebedhag kidang ing alas Krapyak, ujug-ujug ketekan bantheng ngamuk. Sang prabu nglawan nganggo tumbak, kena endhase bantheng, nanging marga atos, banthenge isih bisa nyruduk nganti sang prabu ketaton lan seda. Iya awit saka iku Panembahan Hanyakrawati katelah kanthi asma Panembahan Seda ing Krapyak.

Olehe Panembahan Hanyakrawati janji Raden Mas Martapura kang asma timure Raden Mas Wuryah dadi ratu, miturut Krisna Bayu Adji lan kanca-kanca ana ing bukune kang asesirah Ensiklopedi Raja-Raja Jawa, dari Kalingga hingga Kasultanan Yogyakarta, critane mangkene.

Nalika isih minangka Pangeran Adipati Anom (putra mahkota), Raden Mas Jolang mundhut garwa Ratu Tulungayu saka Panaraga. Nanging anggone jejodhoan karo Ratu Tulungayu suwe banget ora kagungan putra. Kamangka Raden Mas Rangsang wis kadhung janji, suk emben yen wis dadi ratu, kalungguhan minangka Pangeran Adipati Anom bakal kaparingake marang putrane sing miyos saka Ratu Tulungayu.

Kajaba mundhut garwa Ratu Tulungayu, Raden Mas Jolang uga mundhut garwa Dyah Banowati. Ora antara suwe Dyah Banowati kagungan putra, aran Raden Mas Rangsang. Patang tahun sawise Raden Mas Jolang jumeneng nata, Ratu Tulungayu kagungan putra, aran Raden Mas Wuryah (Raden Mas Martapura). Kamangka, kalungguhan minangka Pangeran Adipati Anom wis diparingake marang Raden Mas Rangsang sing tau diutus dening kang rama amrih ngadhepi Adipati Pragola sing ngraman marang Mataram.

Sarehning Raden Mas Jolang utawa Panembahan Hanyakrawati wis tau janji yen putrane saka Ratu Tulungayu sing bakal dijumenengake ratu, mula sadurunge seda, Panembahan Hanyakrawati dhawuh marang Adipati Mandaraka lan Pangeran Purbaya amrih njumenengake Raden Mas Martapura dadi ratu sadhela, kanggo ngluwari janjine. Apa maneh kaya kang sinebut ing Babad Tanah Jawi, Raden Mas Martapura iku nandhang gerah owah,

Bareng Panembahan Hanyakrawati wis seda, Adipati Mandaraka lan Pangeran Purbaya bener-bener njumenengake Raden Mas Martapura minangka ratu Mataram, sanajan mung sadhela. Mangkene crita jumenengane Raden Mas Martapura.

Ing dina iku, sawise pasowanan pepak, Adipati Mandaraka miyos ing sitinggil nganthi Raden Mas Martapura sing nandhang gerah owah. Raden Mas Martapura katon berag diaturi lenggah ana dhampar keprabon. Para nayaka bupati padha cingak, nanging ora ana sing wani cemuwit.

Ora let suwe, Adipati Mandaraka mbisiki Raden Mas Martapura, “Angger wayah Prabu, saka welinge swargi ramamu, yen wis lenggah dhampar iki, enggal jengkara”.

Raden Mas Martapura manut. Kanthi didherekake para parekan, Raden Mas Martapura  jengkar bali ngedhaton. Bubar kuwi, Raden Mas Rangsang kang uga marak ing sitinggil, diaturi lenggah ing dhampar. Pangeran Purbsya kang lenggah ing sisihe banjur ngandika, “Para santana dalah nayaka bupati kabeh, seksenana yen ing dina iki Raden Mas Rangsang jumeneng nata nggenteni kang rama swargi, ajejuluk Sultan Agung Hanyakrakusuma Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman. Sing sapa ora sarujuk, enggal matura, aku sing bakal mangsuli”.

Raden Mas Martapura bener-bener tau dadi ratu Mataram, sanajan mung sadina.

                (Mulyono Atmosiswartoputra) 


Senin, 16 Februari 2026

PAWITANE WONG NULIS

 

Cover Majalah Jaya Baya, Nomor 25, Minggu IV, Februari 2026

Majalah Jaya Baya, Nomor 25, Minggu IV, Februari 2026, Halaman 13




Salinan dari tulisan di atas

Aku rumangsa durung pinter nulis. Embuh wis ping pira aku ditakoni kanca-kanca, “kepriye carane nulis?” Akeh-akehe sing takon mangkono iku kanca kantor, jalaran padha kepengin banget bisa nulis, nanging durung tau klakon gawe tulisan. Ana sing kandha jare bingung carane miwiti nulis, marga ora ngerti apa sing kudu ditulis luwih dhisik. Ana sing crita, nembe oleh pirang adeg-adeg, wis mandheg jalaran bingung arep nulis apa maneh.

Kanggo ngadhepi pitakonan mau, wangsulanku ora nganggo teori sing muluk-muluk. Aku mung kandha, “Yen kepengin bisa nulis, senenga maca lan senenga gegladhen nulis Yen loro-lorone dilakoni, in syaa Allah pepenginan bakal dadi kasunyatan”..

Geneya seneng maca bisa dadi pawitane wong sing kepengin bisa nulis? Saiki ayo dipenggalih bareng-bareng. Tansaya seneng maca, embuh kuwi maca koran, majalah, tabloid, buku, utawa tulisan ing internet, adate wawasan lan ngelmu bakale tambah. Sing maune durung dimangerteni, sawise maca, banjur dadi ngerti.

Kajaba nambah wawasan lan ngelmu, seneng maca uga bisa mbiyantu nambah kawruh basa tumrap sing maca. Saya akeh kawruh basane, tansaya gampang nalika nganggit ukara. Akeh-akehe wong sing lagi sinau nulis banjur sambat kentekan tembung ana ing tengah dalan, adate jalaran kawruh basane kurang jembar.  

Miturut Herman ana ing bukune kang asesirah Menjadi Penulis yang Produktif di Media Masa, Cara Jitu Melejitkan Kemampuan dan Produktivitas Menulis Anda, maca lan nulis wis dadi ciri ing negara maju. Akeh wong ndadekake pakulinan maca minangka panganan padinan. Salah sijining negara sing ndadekake pakulinan maca minangka kabutuhan saben dina yaiku Jepang.

Tumrap penulis, maca mujudake pluru. Ora ana wong sing seneng nulis ora seneng maca. Akeh penulis utawa pengarang kondhang sing diwiwiti saka seneng maca. J.K. Rowling upamane, dheweke seneng maca wiwit cilik, kaya wong tuwane kang uga seneng maca. Ing tembe, J.K. Rowling kondhang marga novele Harry Potter kang disenengi wong-wong.  

Senajan seneng maca, nanging yen ora seneng gegladhen nulis, ya ora bakalan bisa nulis. Mula saka kuwi, gegladhen nulis klebu pawitane wong nulis. Kapinteran nulis iku dudu bakat, nanging kawasisan. Saben wong bisa dadi penulis waton seneng maca lan seneng gegladhen nulis. Senajan wong tuwane pinter nulis, durung mesthi anake bisa nulis. Suwalike, senajan wong tuwane ora bisa nulis, durung mesthi anake ya mangkono. Waton anake mau seneng maca lan seneng gegladhen nulis, suwe-suwe duwe kawasisan nulis.

Wong sinau nulis iku kaya wong sinau numpak sepedha. Wiwitane moyag-mayig, malah kepara tiba. Nanging yen sing ajar numpak sepedha mau ora nglokro lan terus blajar numpak sepedha, suwe-suwe bakale bisa.  

Biyen, nalika aku isih sinau nulis, embuh pirang lembar kertas sing dakremed banjur dakbuwang marga bola-bali salah. Kang mangkono marga nulise nganggo mesin tik. Nanging marga aku ora kapok, suwe-suwe bisa uga nulis. Nulis dudu sembarang nulis, nanging nulis sing kapacak ing majalah.

Tumrape bocah enom jaman saiki, kepengin dadi penulis iku ora angel kaya jaman biyen. Biyen, marga durung ana internet, yen kepengin dadi penulis, kudu bener-bener bisa nulis sing narik kawigaten amrih bisa kapacak ana majalah utawa koran. Nulise isih nganggo mesin tik lan asile kakirim marang majalah utawa koran lumantar kantor pos.

Saiki jaman wis maju. Tumrap sing kepengin ajar nulis, bisa gawe blog minangka sarana sinau nulis. Nulise wis nganggo komputer, saengga yen ana sing salah mung kari mbusak tanpa kudu mbuwang kertas kaya jaman aku sinau biyen.

Dadi, aja nglokro yen kepengin dadi penulis. Waton seneng maca lan seneng gegladhen nulis, in syaa Allah pepenginane bakal dadi kasunyatan. Ora ngandel? Mangga dibuktekake!