Minggu, 20 Oktober 2024, Prabowo Subianto dilantik dadi Presiden Republik Indonesia sing kaping wolu. Wengine, presiden wara-wara sapa-sapa kang tinanggenah dadi menteri lan wakil menteri. Dina candhake, Senen, 21 Oktober 2024, Prabowo Subianto ganti nglantik menteri-menteri lan wakil-wakil menteri sing bakal mbiyantu sajroning limang taun mengarep.
Ana 48 menteri lan limang pejabat sing ora dikoordinasi dening Kementerian Koordinator, sarta 59 wakil menteri ing Kabinet Merah Putih kaya kang diandharake dening Sekretariat Kabinet Republik Indonesia ing https://setkab.go.id/. Saka samono akehe wong-wong kang bakal mbiyantu Presiden Prabowo Subiyanto, ana limang priyayi putri kang tinanggenah dadi menteri lan sangang priyayi putri kang tinanggenah dadi wakil menteri ing Kabinet Merah Putih.
“Tak kenal maka tak sayang”, mangkono tetembungan kang sering keprungu ing tengah-tengahing masarakat Indonesia. Amrih awake dhewe tepung marang Srikandhi-Srikandhi kasebut, mula ayo padha tetepungan.
Ing kalodhangan iki, kang bakal dakaturake yaiku priyayi putri kang tinanggenah dadi menteri ing Kabinet Merah Putih. Sapa wae priyayi mau?
1. Sri Mulyani Indrawati
Sri Mulyani Indrawati dudu wong anyar kang nglungguhi kursi menteri. Wong wadon kang lair ing Bandarlampung, Provinsi Lampung, 26 Agustus 1962 iki pisanan dadi menteri tahun 2004. Wiwit tanggal 21 Oktober 2004 dheweke tinanggenah dadi Menteri Negara Perencanaan Pembangunan Nasional/Bappenas dening Presiden Susilo Bambang Yudhoyono ing Kabinet Indonesia Bersatu I.
Nalika Presiden Susilo Bambang Yudhoyono ngrombak kabinete ing tanggal 5 Desember 2005, Sri Mulyani Indawati dipindhah dadi Menteri Keuangan, nggenteni Jusuf Anwar.
Selawase dadi Menteri Keuangan, Sri Mulyani Indrawati akeh pakaryan moncer kang kasil ginayuh. Ora nggumunake yen dheweke dening Emerging Market rikala Sidang Tahunan Bank Dunia lan IMF ing Singapura tanggal 18 September 2006, didadekake Menteri Keuangan sing paling apik ing Asia taun 2006.
Ora mung kuwi, Sri Mulyani Indrawati uga kapilih dadi wanodya kang paling nduweni pangaribawa kapindho ing Indonesia miturut Majalah Globe Asia sasi Oktober 2007, lan wanodya kang paling nduweni pangaribawa kaping 23 ing dunya miturut Majalah Forbes taun 2008.
Wiwit taun 2008 dheweke dadi Pelaksana Tugas Menteri Koordinator Bidang Perekonomian, jalaran Budiono kang maune dadi menteri kasebut, dilantik minangka Gubernur Bank Indonesia.
Nalika Presiden Susilo Bambang Yudhoyono kepilih maneh dadi Presiden periode 2009-2012, Sri Mulyani Indrawati dipercaya maneh nglungguhi kursi Menteri Keuangan.
Iya nalika dadi Menteri Keuangan Republik Indonesia ing Kabinet Indonesia Bersatu II iki Sri Mulyani Indrawati sing lulusan Universitas Indonesia, Jakarta, lan University of Illinois Urbana Champaign, Amerika, tinanggenah dadi Direktur Pelaksana lan Chief Operating Officer Bank Dunia wiwit 1 Juni 2010. Awit saka iku, kalungguhane minangka menteri banjur ditinggalake.
Kalungguhan minangka Direktur Pelaksana lan Chief Operating Officer Bank Dunia nganti tekan nalika Sri Mulyani Indrawati diundang dening Presiden Joko Widodo amrih nglungguhi kursi Menteri Keuangan nggenteni Bambang Brojonegoro. Dheweke nglungguhi maneh kursi kasebut wiwit 27 Juli 2016, jamane Kabinet Kerja.
Sri Mulyani Indrawati pancen klebu wanodya kang wasis nindakake pakaryan. Mula ora jeneng aneh yen akeh pangalembana kasampirake marang sarirane. Ing sasi Februari 2018 upamane, dheweke kapilih maneh dadi “Best Minister in the World” ing World Guvernment Summit ing Dubai. Pirang wulan candhake, pase ing sasi Oktober 2018, Global Market milih dheweke dadi “Finance Minister of the Year – East Asia Pasifik” ing tengah-tengahing IMF-World Bank Group Annual Meetings kang dianakake ing Bali.
Taun 2019 Si Mulyani Indrawati katetepake minangka Menteri Keuangan sing paling apik ing Asia Pasifik miturut majalah keuangan Finance Asia. Pangalembana iki sing kaping telune, sawise pangalembana kapisan lan kapindho ditampa ing taun 2017 lan 2018.
Dening Presiden Joko Widodo, Sri Mulyani Indrawati dipilih maneh minangka Menteri Keuangan ing Kabinet Indonesia Maju (Oktober 2019 – Oktober 2024).
Pamore Sri Mulyani Indrawati isih tetep moncer. Ing sasi Oktober 2020, dheweke kapilih dadi “Finance Minister of the Year - East Asia Pasifik” dening Global Markets. Pangalembana iki diwenehake marang dheweke awit saka pambudidayane ngawekani paglebug Covid-19 ing Indonesia.
Ing sasi Februari 2021, dheweke kapilih minangka Co-Chairs Coalition of Finance Ministers for Climate Action (CFMCA) 2021-2023. Tanggal 11 Oktober 2021, dheweke nampa Distinguished Leadership and Service Award saka The Institute of International Finance, yaiku pangalembana kang diwenehake marang wong-wong kang nduweni lelabuhan kang moncer lan ora mandheg tumrap perekonomian global.
Ing pungkasaning taun 2023, pase tanggal 12 Desember 2023, Sri Mulyani Indrawati nampa gelar pakurmatan Honoris Causa Doctor of Laws saka Australian National University (ANU) awit saka labuh-labete mbangun ekonomi ing Indonesia lan internasional.
Senen, 21 Oktober 2024, Sri Mulyani Indrawati dipercaya maneh minangka Menteri Keuangan dening presiden sing anyar, Prabowo Subianto
2. Meutya Viada Hafid
Wanita klairan Bandung, Jawa Barat, 3 Mei 1978 iki tinanggenah minangka Menteri Komunikasi dan Digital (Komdigi) ing Kabinet Merah Putih dening Presiden Prabowo Subianto. Sadurunge, kementerian iki jenenge Kementerian Komunikasi dan Informatika (Kominfo).
Sawise ngrampungake pendidikan dasar lan menengah ing Jakarta, Meutya Viada Hafid banjur nerusake sekolah ing Crescent Girl’s School, Singapura, yaiku SMA mligi bocah wadon, lulus taun 1997. Saka SMA, dheweke nerusake kuliah ing University of New South Wales, Australia, jurusan Manufacturing Engineering, lulus taun 2001.
Rampung kuliah, Meutya Viada Hafid miwiti pakaryane kanthi dadi jurnalis televisi, wiwit 2001 nganti 2008. Jejibahane yaiku golek lan ngabarake pawarta kang ana gandheng-cenenge karo wewengkon kisruh (daerah konflik), kaya ta: Darurat Militer Aceh (2003), Tsunami Aceh lan Prajanjen Bedhami Aceh (2005), Pemilu Irak (2005), Kudeta Militer Thailand lan Kisruh Thailand Selatan (2006), sarta golek lan ngabarake pawarta bab Palestina (2007).
Ana pengalaman sing ora bisa dilalekake dening Meutya Viada Hafid nalika dadi jurnalis. Wektu kuwi, dheweke lan Budiyanto, kancane sing dadi juru kamera, ngayahi jejibahan minangka jurnalis ana ing Irak. Dening wong-wong kang nggawa senjata, Meutya Viada Hafid lan Budiyanto diculik, banjur disandera suwene pitung dina. Dheweke lan kancane nembe diluwari ing tanggal 21 Februari 2005, sawise disandera wiwit tanggal 18 Februari 2005.
Kapethik saka https://www.kompas.com/, selawase dadi jurnalis, Meutya Viada Hafid tau nampa pangalembana-pangalembana. Pangalembana mau, kaya ta: pangalembana minangka Women of Courage saka Kaukus Perempuan Singapura 2005, Wanita Pemberani saka Samsung Award 2006, lan Awards ing babagan jurnalis saka Australian Alumnae ing taun 2008.
Metu saka donyaning jurnalis, Meutya Viada Hafid wiwit lelumban ing jagading politik. Miturut https://www.kominfo.go.id/, dheweke gabung karo Partai Golkar taun 2008 lan mlebu Senayan taun 2010. Wiwitane dheweke ngayahi jejibahan minangka anggota DPR RI Komisi XI sing nangani bidang keuangan lan perbankan. Dheweke melu nangani perkara Merpati Air lan Citibank.
Nalika dipindhah menyang Komisi I sing nangani bidang luar negeri, pertahanan, komunikasi lan informatika, sarta intelijen ing taun 2012, Meutya Viada Hafid nyambangi Gaza saperlu menehi biyantu marang rakyat Gaza. Dheweke uga ketemu karo pimpinan Hamas dan Presiden Palestina Mahmoud Abbas.
Meutya Viada Hafid dadi anggota DPR RI telung periode, yaiku periode 2009-2014, periode 2014-2019, lan pungkasan periode 2019-2014. Nalika dadi anggota DPR RI, Meutya Viada Hafid nerusake kuliah S2 ana ing Universitas Indonesia, lulus taun 2018.
Taun 2019, Meutya Viada Hafid mujudake wanita kapisan sing dadi Ketua Komisi I DPR RI. Selawase dadi Ketua Komisi I DPR RI ing taun 2019-2024, dheweke kasil gawe 13 Undang-Undang, salah sijine yaiku Undang-Undang Perlindungan Data Pribadi. Dheweke uga melu ngowahi Undang-Undang Informasi dan Transaksi Elektronik kanggo ngayomi bocah ing jagading digital.
Senen, 21 Oktonber 2024, Meutya Viada Hafid dilantik dadi Menteri Komunikasi dan Digital dening Presiden Prabowo Subianto. Dheweke klebu wanita kapisan kang dadi menteri sing nangangi komunikasi.
3. Rini Widyantini
Kanggo nglungguhi kursi Menteri Pendayagunaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi (Kementerian PANRB) ing Kabinet Merah Putih, Presiden Prabowo Subianto mercayakake marang Rini Widyantini.
Satamate saka SMA Santa Engela, Rini Widyantini nerusake kuliah ing Fakultas Hukum, Universitas Pajajaran. Dheweke uga nyandhang gelar Master of Public Management saka The Flinders University of South Australia.
Sadurunge pinercaya dadi menteri, Rini Widyantini dadi Sekretaris Kementerian PANRB. Dheweke klebu wong wadon pisanan kang nglungguhi kursi Menteri PANRB.
Rini Widyantini kang lair ing Bandung, 29 Mei 1965, miwiti pakaryane dadi Aparatur Sipil Negara (ASN) ing taun 1990. Taun 1997, dheweke dadi Analis Kebijakan ing Kementerian PANRB. Taun 2008, dadi Asisten Deputi Kelembagaan Perekonomian. Taun 2011 pinercaya dadi Staf Ahli Menteri PANRB Bidang Hukum.
Setaun candhake, Rini Widyantini pinercaya dadi Deputi Bidang Kelembagaan. Ing taun 2013 nganti tekan 2021, ganti diamanahi dadi Deputi Bidang Kelembagaan dan Tata Laksana ing Kementerian PANRB.
Rini Widyantini dadi Sekretaris Kementerian PANRB wiwit taun 2022 nganti tekan 21 Oktober 2024, ya sawise dilantik dadi Menteri PANRB. Dheweke klebu wong wadon kapisan kang nglungguhi kursi Menteri PANRB.
Sadurunge dadi menteri, Rini Widyantini nduweni kawigaten kang gedhe kanggo ngrampungake prakara honorer, utamane ngangkat non-ASN dadi Pegawai Pemerintah dengan Perjanjian Kerja (PPPK). Mula, kanthi diangkate Rini Widyantini, muga-muga mujudake angin seger tumrape pegawai non-ASN.
4. Widiyanti Putri
Sadurunge dilantik dadi Menteri Pariwisata dening Presiden Prabowo Subianto, Widiyanti Putri mujudake sawajining pengusaha. Wong tuwane, Wiwoho Basuki Tjokronegoro uga sawijining pengusaha, sing miturut https://travel.detik.com/, dheweke sing ngedegake Teladan Group, sawijing perusahaan sing makarya ing pirang-pirang babagan, kaya ta: agribisnis lan pertambangan. Dene miturut https://www.cnnindonesia.com/, Wiwowo Basuki Tjrokronegoro dadi pengusaha ing babasan energi lan batubara lumantar PT Indika Energy Tbk, PT Cirebon Elektrik Power, lan PT Kieco Jaya Agung.
Dene Widiyanti Putri olehe lelumban ing jagading bisnis, klebu wis suwe, utamane ing babagan agribisnis lumantar PT Teladan Prima Agro (TPA) sing nangani bab kebun lan pabrik klapa sawit, wiwit 2004 ing Kalimantan Timur.
Lulusan Pepperdine University, Malibu, California taun 1993 iki, ing taun 2021 dadi Komisaris ing TPA. Ing wektu sadurunge, dheweke uga tau dadi komisaris ing anak usaha TPA ing taun 2013, lan tau uga dadi Komisaris PT Teladan Agro Reources wiwit taun 2007-2012.
Widiyanti Putri ora mung lelumban ing jagading bisnis, nanging uga lelumban ing organisasi sosial, kaya ta dadi Ketua Yayasan Teladan Utama lan Dewan Pengawas Yayasan Kawula Madani sing fokus ing babagan kesejahteraan masyarakat. Dheweke uga minangka Sekretaris Jenderal Yayasan Jantung Indonesia (YJI) periode 2018-2024.
Widiyanti Putri dilantik dadi Menteri Pariwisata ing Kabinet Merah Putih nalika umure 53 taun.
5. Arifatul Choiri Fauzi
Nalika Probowo Subianto lan Gibran Rakabuming Raka nyalon presiden lan wakil presiden ing Pemilihan Umum 2024, Arifatul Choiri Fauzi klebu salah sawijining tim sukses-e. Dheweke dadi Wakil Ketua Tim Kampanye Nasional Prabowo-Gibran.
Tanggal 21 Okotober 2024, Arifatul Choiri Fauzi pinercaya dadi Menteri Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak dening Presiden Prabowo Subianto.
Wong wadon klairan Bangkalan, Madura, 28 Juli 1969 iki lulusan Fakultas Dakwah, Universitas Islam Negeri (UIN) Sunan Kalijaga. Wiwit isih kuliah dheweke aktif ing organisasi keagamaan. Kaya kang dingandikakake dening Fatma Amalia, dosen prodi Hukum Keluarga Islam Fakultas Syari'ah dan Hukum UIN Sunan Kalijaga, Arifatul Choiri Fauzi biyen melu Ikatan Pelajar Putri Nahdlatul Ulama (IPPNU) bareng karo dheweke. Bedane, Arifatul Choiri Fauzi dadi ketuane, dene Fatma Amalia dadi penguruse. Kajaba bareng saorganisasi ing Ikatan Pelajar Putri Nahdlatul Ulama (IPPNU), Fatma Amalia uga tau bareng organisasi karo Arifatul Choiri Fauzi ing Yayasan Bakti Harkat Indonesia (YBHI).
Kesenengane lelumban ing jagading organisasi wiwit biyen kegawa nganti saiki. Sadurunge dadi menteri, Arifatul Choiri Fauzi mujudake Pengurus Pusat Muslimat Nahdlatul Ulama, lan anggota Komisi Informasi dan Komunikasi Majelus Ulama Indonesia.
Ora mung seneng lelumban ing jagading organisasi, Arifatul Choiri Fauzi sing diceluk Arifah uga seneng nulis. Dheweke tau nulis buku aserirah Kabar-Kabar Kekerasan dari Bali sing ngrembug pigunane media massa jroning martakake kabar bab lelakon bom Bali.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar