Selasa, 18 Juni 2024

PANGANAN TRADHISIONAL LAN SEJARAHE

    
Bernostalgia dengan makanan tradisional.



Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 24, Tanggal 15 Juni 2024.





Majalah Panjebar Semangat, Nomor 24, Tanggal 15 Juni 2024, Halaman 32.




Majalah Panjebar Semangat, Nomor 24, Tanggal 15 Juni 2024, Halaman 33.



Salinan dari tulisan di atas.


Wong Jawa klebu pawongan kang prigel. Saka maneka warna asil bumi, bisa diolah dadi maneka warna panganan. Ana panganan kang digawe saka tela, kaya ta: thiwul, gethuk, randha royal, lentho lan liya-liyane. Ana panganan kang bahane saka gegodhogan, kaya ta: pecel. Ana sing digawe saka klapa, kaya ta: geplak. Ana uga sing digawe saka nangka, kaya ta: gudheg, lan sapanunggalane. Panganan-panganan kasebut uga duwe sejarah dhewe-dhewe.

Ing kalodhangan iki bakal kababar saperangan jinis olahan kang wis kawentar. Kejaba upa lan gegambarane rasa, uga sejarahe.

THIWUL

Tumrap kang seneng campursari, nalika krungu tembung “thiwul”, mbokmanawa pikirane bakal kelingan marang lagune Manthou’s kang asesirah “Thiwul Gunung Kidul”. Dene tumrap bocah enom jaman saiki kang seneng wisata kuliner, nalika krungu tembung mau banjur kelingan marang jajan pasar sing digawe saka tela utawa pohung (wong Banyumas ngarani: budin). Kabeh mau ora kleru, marga thiwul kejaba dadi sesirahing lagune Manthou’s, uga mujudake jajan pasar. Nanging kabeh mau beda karo apa sing tau dirasakake dening wong-wong jaman biyen.

Kepriye bisane ngono? Ing jaman biyen, thiwul tau dadi panganan pokoke wong Jawa minangka gantine sega. Nalika wong-wong ora kuwat tuku beras amarga saking larange, thiwul banjur didadekake gantine, marga regane tela luwih murah tinimbang beras. Bab iki dialami dening wong-wong sing tau urip nalika jamane Indonesia dijajah dening Jepang nganti sawise mardika, udakara taun 1960-an utawa 1970-an awal. Aku dhewe nalika isih cilik tau ngrasakake mangan thiwul, jalaran wektu samana paceklik dawa kang tundhone rega beras dadi larang. Thiwul mau dipangan bareng karo parudan klapa sing diwenehi uyah. Iku minangka lawuhe.

Thiwul didadekake panganan popok minangka gantine sega, amarga kejaba regane sing luwih murah tinimbang beras, tela uga gampang ditandur ing pekarangan tanpa kudu diopeni kanthi njlimet. Thiwul kang asale saka tela mau, carane gawe mangkene. Tela sing wis dionceki, banjur dipepe nganti garing. Tela garing mau diarani gaplek. Gaplek banjur ditutu nganti alus. Sawise kuwi, supaya dadi thiwul, banjur dikukus nganti mateng.

Beda karo jaman biyen, ing jaman saiki thiwul dudu panganan pokok maneh, nanging wis dadi jajan pasar sing maneka warna carane nyuguhake. Ana thiwul sing dicampur karo ketan ireng, pipilan jagung godhog, utawa tela godhog sing diparud. Malah ana thiwul sing disuguhake nganggo lawuh kaya ta: tempe, tahu, lan liya-liyane. Pengin nyicipi? Mangga, goleka neng pasar utawa panggonan sing dodol jajan pasar lan ana thiwule.

PEYEK

Peyek uga dadi perangane irah-irahan lelagon (Iwak Peyek). Peyek awujud gorengan kang digawe saka glepung sing diadoni nganggo banyu, banjur diwenehi bumbu. Minangka isine, lumrahe adonan glepung mau dicampuri kacang, kedhele, urang, utawa iwak teri. Wondene bumbune yaiku: bawang, kencur, uyah, kemiri, lan iris-irisan godhong jeruk.

Peyek, ana sing ngarani rempeyek, lumrahe dadi cemilan. Ananging sok-sok uga didadekake lawuh. Umpamane, minangka jejangkep nalika mangan sega pecel. Sanadyan pecel ya lawuh, ananging kerep diimbuhi peyek.

Cemilan utawa lawuh kang katon prasaja banget iku, jebul nduweni sejarah sing ana gandheng-cenenge karo Mataram Islam. Manut kandhane H.J. de Graaf, salah sawijining ahli sejarah saka Landa, nalika semana Ki Ageng Pemanahan nuju bedhol desa bareng karo para kawulane, pindhah saka Pajang menyang Alas Mentaok. Sultan Adiwijaya (Hadiwijaya) sing paring ganjaran Alas Mentaok marang Ki Ageng Pemanahan. Ki Ageng Pemahanan dipethuk dening Ki Gedhe Karanglo, ketemu ing sapinggiring Kali Opak. kang banjur nerusake laku tumuju daleme Ki Gedhe Karanglo. Ana ing daleme Ki Gedhe Karanglo, Ki Ageng Pemanahan sarombongan disuguhi dhahar sega putih, kluban, peyek, lan kenikir. Nalika semana, peyek dianggep minangka panganan sing gampang digawe lan nglawuhi tumrape panganan kang krasa anyep kaya ta sega lan kluban. Wiwit kuwi peyek banjur disenengi ngakeh.

Peyek tekan saiki adate didol ana ing warung sega minangka lawuh. Nanging uga ora sethithik sing bisa ditemokake ing pasar-pasar. Malah kepara ing pinggir dalan uga kala-kala ana sing adol rempeyek sing wis diwungkus plastik.

Gurih lan kemriyike peyek njalari akeh sing nggandrungi panganan kang wis ana wiwit abad 16 iku. Ya muga-muga wae, sanadyan saiki panganan tansaya maneka warna, peyek bisa tetep lestari.

GUDHEG

Sing sapa tau menyang Yogyakarta, ing kono ora bakal kangelan yen kepengin mangan gudheg, marga gudheg asal-usule saka kutha iki.

Gudheg digawe saka gori utawa nangka sing esih enom. Gori mau digodhog pirang-pirang jam nganggo santen karo gula Jawa utawa gula klapa. Mesthi wae diwuwuhi bumbu supaya gudheg krasa luwih enak.

Gudheg adate dienggo lawuh sega putih. Ora sethithik sing njangkepi lawuh mau karo endhog, tahu, utawa tempe sing diolah dadi bacem. Ana uga kang nambahi sambel goreng krecek lan opor ayam. Gudheg kang digawe saka gori iki jenise ana loro, yaiku gudheg teles lan gudheg garing.

Kajaba kang digawe saka gori, gudheg uga ana kang digawe saka manggar sing esih enom. Gudheg manggar rasane ora patia legi kaya dene gudheg gori. Gudheg iki kala-kala ditambahi bung utawa pring sing esih bayi lan daging. Beda karo gudheg gori, gudheg manggar rada angel golek-golekane, marga bahane sing langka.

Miturut jurnal Menelisik Sejarah Gudeg Sebagai Alternatif Wisata dan Citra Kota Yogyakarta kaya kang disebutake ing https://www.detik.com/, mula-bukane ana gudheg ana sambung-rapete karo madege Mataram.

Nalika taun 1500-an, Ki Ageng Pemanahan lan putrane kang ing tembe burine ingaranan Panembahan Senapati sarta para punggawane babad Alas Mentaok. Ing papan kasebut akeh wit nangka sing wohe ora sethithik. Semono uga klapa lan mlinjo. Amrih ora kebuwang-buwang, gori-gori mau banjur diolah dening wong-wong sing lagi babad alas. Gori-gori mau digodhog nganti lemes, banjur diwenehi bumbu, klebu santen.

Yen ngelingi gudheg wiwit ana nalika babad Alas Mentaok kang dadi cikal-bakal Kraton Mataram Islam, ateges gudheg wis ana sadurunge Kasunanan Surakarta lan Kasultanan Yogyakarta madeg.  

Manut ujaring kandha, olehe panganan mau diarani gudheg, marga carane ngolah gori mau kanthi cara diudheg (diudhak) nganti santene rumesep lan dadi asat. Iya saka tembung “gori diudheg” iki panganan mau banjur diarani gudheg.

 

(Mulyono A.)

 



Senin, 03 Juni 2024

PASEMON KI AGENG SELA NYEKEL BLEDHEG

Belajar mendokumentasikan tulisan, agar tak hilang sia-sia seperti yang lalu-lalu.


Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 22, Tanggal 1 Juni 2024.


Majalah Panjebar Semangat, Nomor 22, Tanggal 1 Juni 2024, Halaman 14.




Majalah Panjebar Semangat, Nomor 22, Tanggal 1 Juni 2024, Halaman 15.



Salinan dari tulisan di atas.


PASEMON KI AGENG SELA NYEKEL BLEDHEG

 

Ature: Mulyono Atmosiswartoputra

  

Crita Ki Ageng Sela bisa nyekel bledheg kondhang banget ing tanah Jawa. Ing jaman biyen, yen ana wong pinuju ana sawah utawa papan sing jembar tinarbuka, yen krungu swara bledheg adate ngucap, “Kandri, aku anak putune Ki Ageng Sela”.

Tujuwan ngucapake ukara kuwi amrih ora kesamber bledheg kasebut. Kang mangkono mau isih dialami dening wong Jawa nganti udakara taun 1970-an, nalika aku isih bocah. Banjur sapa sajatine Ki Ageng Sela?

Ana ing Serat Andupara anggitane Raden Ngabehi Suradipura, Ki Ageng Sela disebutake dadi kapetengane Sultan Demak. Miturut Bausastra Jawa – Indonesia anggitane S. Prawiroatmojo, tembung “kapetengan” ditegesi terlimput, gelap, kegelapan, nama pamong desa. Tembung “kapetengan” sing ditegesi nama pamong desa jumbuh kalawan apa sing tau dingendikakake dening G. Moedjanto ing bukune kang asesirah Konsep Kekuasaan Jawa, Penerapannya oleh Raja-Raja Mataram.

Gelar “Ki” kang dienggo dening wong-wong sadurunge jaman Panembahan Senapati, kaya ta: Ki Ageng Sela, Ki Ageng Ngenis, apadene Ki Ageng Pemanahan, lan dudu gelar “Raden”, nuduhake yen panjenengane asale saka kawula alit. Dene wuwuhan tembung “Ageng” utawa “Gedhe” ing saburining “Ki”, nuduhake yen panjenengane kang dadi panguwasa ing dhukuh utawa desa kono.

Bukti yen Ki Ageng Sela dudu golonganing priyayi luhur, bisa dinulu yen dheweke tetep menyang sawah utawa tegal senajan kahanan lagi udan. Ki Ageng Sela iku wong tani utun. Trunajaya nalika lumawan Amangkurat II ing Kedhiri uga tau nantang mangkene, “… Ratu Mataram iku dak-umpamakake tebu: pucuke maneh yen legia, senajan bongkote ing biyen ya adhem bae, sebab ratu trahing wong tetanen; angur macula bae bari angona sapi”.

 

Nyekel Bledheg

 

Ngenani Ki Ageng Sela bisa nyekel bledheg, Serat Babad Demak nyritakake yen ing sawijining dina ing wektu Asar, Ki Ageng Sela lunga menyang pategalan, manggul pacul karo nyengkelang kudhi. Satekane ing pategalan, udan grimis binarengan swaraning bledheg ngampar-ampar. Ki Ageng Sela ngeyub ing sangisoring wit kandri.

Ora let suwe, Ki Ageng Sela kumilsat thathit amblerengi lan Ki Ageng disamber bledheg. Swarane jumegur. Bledheg mau ora kasil gawe patine Ki Ageng Sela, malah kepara bledheg mau bisa dicekel dening panjenangane. Bledheg katon tanpa daya marga kena kemayane Ki Ageng.

Bledheg sing kasil dicekel dening Ki Ageng Sela banjur kacaosake marang Kangjeng Sultan Demak Bintara. Kangjeng Sultan gupuh mriksani. Sawise mriksani wujude bledheg, Kangjeng Sultan banjur dhawuh marang Ki Ageng Sela supaya nyengker nganggo wesi lan didekek ana ing Masjid Agung. Kangjeng Sultan ngalem marang kasektene Ki Ageng Sela, pantes yen ta entuk ganjaran sing gedhe.

Mangerteni ana bledheg bisa kecekel, wong-wong ing Demak Bintara padha nonton, dheseg-dhesegan rebut ngarep. Kangjeng Sultan enggal ndhawuhake marang juru gambar supaya nggambar apa warnane bledheg mau. Juru gambar ngestokake dhawuh.

Kacarita bojone bledheg sing kecekel mau teka kanthi memba-memba wong wadon tuwa utawa nini-nini karo nyangking beruk isi banyu kebak. Nini-nini mau miyak wong-wong sing lagi padha nonton, kaleksanan nganti tekan ing pakunjaran wesi. Kunjara wesi enggal disiram banyu beruk, sanalika bledheg nywara jumegur. Kunjara wesi lebur tanpa kukupan. Wong-wong sing padha nonton polahe kaya gabah diinteri. Sing cedhak marga kaget krungu swara jumegur, sanalika tiba klenger.

Dene nini-nini mau karo bledheg ilang saka pandulu. Kamangka, juru gambar anggone nggambar nembe tekan sadhuwuring tenggak, kaselak bledhege ilang.

Mriksani kahanan kang mangkono, Kangjeng Sultan Demak banget ngungune. Wusanane, panjenengane dhawuh marang juru gambar, gambaring bledheg kapurih ngetrapake ana lawang ineb-inebing Masjid Agung. Saiki gambar bledheg mau katrapake ana lawang pasareyane Kangjeng Sultan kang kaping II lan III.

Iku mau crita bab Ki Ageng Sela bisa nyekel bledheg. Nanging apa bener yen Ki Ageng Sela bisa nyekel bledheg?

 

Pasemon

 

Miturut Raden Ngabehi Suradipura ing bukune kang asesirah Serat Andupara, crita mau yektine mung arupa pasemon. Sang pujangga anggone gawe pasemon mangkono iku, ora liya mung kanggo ngalem Ki Ageng Sela bae. Sebab Ki Ageng Sela  iku wong sing adat kalakuwane alus, andhap-asor, dhemen tulung marang wong kang nandhang papa, lan wicaksana. Apa maneh Ki Ageng Sela mau kang nurunake para ratu ing tanah Jawa nganti tekan jaman saiki. Mula anggone gawe pangalembana nganti ora kena ginayuh.

Kepriye arep bisa nyekel bledheg, la wong arep mlebu dadi jajar (araning pangkat ing kraton) bae ditampik. Critane, Kangjeng Sultan Bintara mbutuhake prajurit wira utama utawa tamtama. Sing sapa arep mlebu dadi prajurit wira utama, kudu katodhi kasektene dhisik. Tumrap sapa bae sing bisa nempiling endhas bantheng nganti mati sanalika, bakal lulus mlebu dadi tamtama.

Sajatine Ki Ageng Sela bisa nabok endhas bantheng nganti mati sanalika. Nanging anggone nempiling endhas bantheng nganggo mengo pasuryane. Kanjeng Sultan ndangu, “Sela, geneya sira ndadak nganggo mengo?”

Ature Ki Ageng Sela, “Supados mboten kacipratan ing rah andaka, Sinuwun”.

Saka wangsula mau Kangjeng Sultan menggalih yen Ki Ageng Sela iku tipis atine, mulane anggone ngleboni tamtama ditampik. Ki Ageng Sela rumangsa wirang marga pepenginane dadi tamtama ora kasembadan. Ki Ageng Sela gegancangan mulih menyang Sela. Satekane dalem, Ki Ageng Sela banjur nglumpukake warga desa. Kabeh cacahe ana wong rong atus, jangkep karo gamane. Wong-wong mau sumedya ngamuk marang Sultan Demak. Ki Ageng Sela nunggang jaran manggul tumbak.  

Kocapa, Kangjeng Sultan Demak wis midhanget kabar yen Ki Ageng Sela bakal teka  nggawa balane wong Sela kabeh, arep mbarang amuk. Mula Kanjeng Sultan banjur dhawuh marang Patih Wanasalam supaya tekane Ki Ageng ora pareng kapethuk para wadyabala. Kanjeng Sultan sing kersa nyarirani piyambak methuk Ki Ageng.

Kangjeng Sultan wis sadhiya ana Sitinggil, diadhep para punggawa sawetara. Ora let suwe Ki Ageng Sela teka, diayab para kadang wargane wong rong atus jangkep sagegamane. Ki Ageng Sela nunggang jaran karo nyekel tumbak ligan lan nyengkelit keris telu. Kerise ana sing diwangking, dicothe, lan curigan.  

Bareng tekan sakiduling wringin kurung alun-alun Demak Bintara, Kangjeng Sultan priksa yen katekan Ki Ageng Sela. Mula Kangjeng Sultan enggal ngasta gandhewa, kapantheng kenthenge jemparing, katujokake dhadaning jaran kang ditunggangi Ki Ageng Sela. Jemparing enggal kalepasake, ngenani dadhaning jaran, ambruk sanalika. Ki Ageng Sela tiba kebanting. Sawise ngadeg, Ki Ageng Sela banjur mriksani jarane, katon nandhang tatu. Dhadhaning jaran kena jemparing, lan mati ngenggon.

Ki Ageng Sela ngandika jroning penggalih, “Saupama panah iku mencok awakku, temtu kaya jaran iki nasibku”.

Ki Ageng Sela giris, banjur prentah marang balane supaya enggal-enggal mundur. Wong-wong Sela padha lumayu rebut ngarep. Bareng mriksani Ki Ageng Sela mlayu nggendring, Sultan Demak gumujeng suka. “Hla, apa pethek ingsun. Pancen tipis atine Ki Ageng Sela. Ora bakal bisa dadi ratu. Embuh ing tembe buri”. Kangjeng Sultan banjur kondur ngedhaton. Para punggawa uga padha mundur dhewe-dhewe.

Iku mau crita bab Ki Ageng Sela ya Kyai Abdurahman bisa nyekel bledheg. Crita mau dudu crita sawantahe, nanging mung pasemon. Dudu bisa nyekel bledheg tenan, nanging crita mau mung kanggo ngalem Ki Ageng. Dikepriyea bae, senajan Ki Ageng Sela mung panguwasa dhukuh utawa desa, nanging ing tembe mburi anak turune dadi ratu ing tanah Jawa.