Nalika aku sakulawarga niliki anak mbarep ing Kutha Serang, diajak dolan menyang papan wisata Tasik Ardi kang dumunung ing Desa Margasana, Kecamatan Kramatwatu, Kabupaten Serang, Provinsi Banten. Udakara setengah jam numpak mobil suwene nempuh laku saka Kutha Serang.
Saka katrangan tinulis ing plang kang tumancep ing pinggiring Tasik Ardi, tlaga iki digawe ing jaman Sultan Maulana Yusuf kang jumeneng wiwit 1570 nganti tekan 1580. Dununge ing sisih kidul wetane Kraton Surosowan, punjering paprentahan Kasultanan Banten.
Sakawit, tlaga mau digawe minangka pisungsung marang ibune Sultan Maulana Yusuf kanggo tafakur ing pulo kang ana ing satengahing tlaga sing diarani Kaputren. Tasik Ardi uga dienggo papan plesiran kulawarga Kasultanan Banten lan nampa tamu kasultanan. Tumrape para tani, Tasik Ardi mujudake papan kanggo nyimpen banyu saka kali Cibanten kang banjur diilekake menyang sawah-sawah ing sacedhake tlaga. Banyu saka Tasik Ardi uga wigati banget tumrap sumber banyu resik kanggo kabutuhaning kulawarga kasultanan. Ing sarehning tlaga mau yasane Sultan Banten, mula ora jeneng aneh yen Tasik Ardi cinathet minangka Benda Cagar Budaya kanthi nomer: SK 139/M/1998 tanggal 16 Juni 1998.
Tasik Ardi pancen katon prasaja. Senajan mangkono, ing dina Minggu, sing padha teka katon akeh. Kacihna mobil pengunjung padha ngebaki papan parkir. Sajake, ramene papan iki jalaran cedhak karo Masjid Agung Banten lan bekas Kraton Surosowan apa dene Kraton Kaibon. Mbokmanawa wong-wong mau pancen mesisan njujug papan-papan tinggalane Kasultanan Banten.
Tlaga Tasik Ardi jembare kurang luwih 6,5 hektar lan dhasare nganggo bata. Saka Kraton Surosowan, dohe kira-kira 2 kilometer, dene yen saka dalan gedhe Serang - Cilegon, dohe kira-kira sakilometer. Ing pulo kang ana ing satengahing tlaga, ana tilas telung bangunan, yaiku bangunan turap, blumbang, lan turahan-turahan pondhasi.
Taun 1706, Sultan Banten tau nampa tamu Landa aran Cornelis de Bruin ing papan iki. Nalika Daendels gawe dalan saka Merak menyang Karangantu, tlaga iki ora diterak dalan sing dibangun.
Yen biyen Tasik Ardi mligi dienggo papan plesiran tumraping kulawarga Kasultanan Banten, ing jaman saiki papan iki dadi plesirane wong akeh. Tumrap sing ora nggawa panganan utawa unjukan, ora susah kuwatir ngelih utawa ngelak, jalaran ing kene akeh wong dodolan. Mung wae, akeh-akehe padha milih dodolan sacedhake lawang mlebu tlaga utawa sacedhake parkiran. Ewa samono, ana uga bakul sing wani gawe warung misah rada adoh karo kanca-kancane. Mbomenawa pancen kanggo njagani yen ana wong sing padha wani ngubengi tlaga.
Sing kepengin ngubengi tlaga lumantar sandhuwuring banyu, ing papan iki uga ana sing nyewakake prau bebek. Tumrap sing kepengin nyawang pulo saka cedhak sing ana ing tengahing tlaga, nyewa prau bebek mujudake cara sing paling gampang tumuju ing papan mau, jalaran ora ana kreteg sing bisa nglantarake menyang papan kuwi.
Mulyono Atmosiswartoputra



