Cover Majalah Panjebar Semangat, Nomor 26, Tanggal 28 Juni 2025
Majalah Panjebar Semangat, Nomor 26, Tanggal 28 Juni 2025, Halaman 26
Majalah Panjebar Semangat, Nomor 26, Tanggal 28 Juni 2025, Halaman 27
Salinan dari tulisan di atas
Tumrap sing seneng plesiran, ing sacedhake Stasiun Tawang Semarang ana papan sing apik kanggo dolan-dolan. Papan iki kajaba mujudake papan kang nyimpen sejarah, uga apik banget kanggo foto-foto tumrap sing seneng ngunggah foto ana ing media sosial. Saka Stasiun Tawang, cukup mlaku menyang papan wisata sejarah sing aran Kota Lama Semarang.
Sing sapa plesiran menyang Kota Lama Semarang, ing kono bakal disuguhi sesawangan sing kahanane kaya ing negara Landa, jalaran bangunan-bangunan sing madeg ing wewengkon kasebut padha nganggo cakrik khas Eropa. Mula ora aneh yen wewengkon sing saiki diarani Kota Lama Semarang katelah Little Netherland, amarga kahanane kaya ing negara Landa. Ing kene uga, biyen Landa migunakake wewengkon kasebut minangka punjering paprentahan ing kutha Semarang.
Geneya Semarang bisa tumiba ing tangane Landa, mangkene sethithik mula bukane.
Yen mbukak lembaran sejarah, bisa kita mangerteni yen Semarang dadi wewengkon sing dikuwasani dening Landa wiwit jaman Mataram Islam.
Landa sing mangerteni yen Semarang iku mujudake kutha pelabuhan kang dadi punjering wong dol-tinuku, ndadekake VOC kepengin nguwasani Semarang lan pelabuhan-pelabuhan liyane ing sadawane pesisir lor Pulo Jawa. VOC, cekakan saka Vereenigde Oostindische Compagnie, yaiku perusahaan dagang sing didegake dening Pamarintah Landa taun 1602 kanggo nguwasani lumakune dol-tinuku barang-barang ing wewengkon Asia Kidul Wetan (Asia Tenggara), mligine wewengkon sing saiki diarani Indonesia. Saka tembung Compagnie mau, mula VOC banjur diarani Kumpeni dening wong Jawa, utawa Kompeni dening bangsa Indonesia.
Apa sing diimpekake dening Landa dadi kasunyatan. Nalika Mataram diasta dening Amangkurat I nggenteni kalungguhane kang ramane (Sultan Agung Hanyakrakusuma), bumi Mataram tansah gonjang-ganjing jalaran akeh ontran-ontran. Salah sijine yaiku ontran-ontran kang dipandhegani dening Trunajaya. Ontran-ontran mau kuwawa ndadekake Amangkurat I keplayu. Ratu Mataram mau mlayu mengulon, lan seda sajroning playon tanggal 13 Juli 1677. Nanging sadurunge seda, Amangkurat I kober dhawuh marang putrane, Raden Mas Rahmat, supaya ngrebut bali Mataram saka tangane Trunajaya. Yen ora keconggah, dikon njaluk tulung marang Kumpeni.
Sawise ingkang rama seda, Raden Mas Rahmat banjur madeg ratu, ajejuluk Amangkurat II. Amrih mungsuh bisa ketumpes, Amangkurat II njaluk biyantu Kumpeni kaya dhawuhe ingkang rama. Kumpeni saguh mbiyantu kanthi prajanjen: Amangkurat II kudu masrahake Semarang minangka upahe. Prajanjen antarane Kraton Mataram karo Kumpeni dumadi ing tanggal 15 Januari 1678. Ya wiwit wektu iku Semarang tumiba ing tangane Kumpeni. Sabanjure, ing Semarang kang saiki katelah Kota Lama, dibangun gedhung-gedhung, kaya ta: gedhung paprentahan, omahe warga, nganti tumekane Beteng Vijheok.
Sawise nganakake prajanjen, Kumpeni banjur sabiyantu Mataram numpes Trunajaya. Perang antarane Kumpeni lumawan Trunajaya sawadyabalane sida klakon. Trunajaya bisa dikalahake dening Kumpeni ing pungkasaning taun 1679.
Iku mau crita mula-bukane Semarang dadi wewengkon sing dikuwasani dening Kumpeni.
Sing narik kawigaten, kajaba ing papan kasebut ana balekota kang minangka kantor paprentahan Landa ing tanah jajahan, uga ora sathithik gedhung-gedhung liyane.
Sarehning gedhunge akeh banget, ing kalodhangan iki mung diaturake sawatara gedhung wae sing isih ngadeg magrong-magrong lan sacuwil sejarahe.
1. Greja Blendhuk
Salah sawijining bangunan sing katon njenggereng gedhe lan endah yaiku Greja Blendhuk. Greja iki biyene jenenge Nederlandsch Indische Kerk. Sarehning wong-wong ing sakiwa tengene papan kasebut angel ngucapake tembung mau, mula wong-wong banjur ngarani greja kasebut kanthi jeneng Greja Blendhuk. Diarani mangkono jalaran payone sing mblendhuk kaya kubah masjid, warnane abang.
Greja Blendhuk klebu greja Kristen paling tuwa ing Jawa Tengah, dibangun dening wong Landa sing manggon ing kono, taun 1753. Wujude paju wolu. Payone sing mblendhuk dilapisi prunggu.
Greja iki tau diowahi ing taun 1894 dening W. Westmaas lan H.P.A. de Wilde, yaiku nambahi menara cacah loro ing sangarepe greja. Ing sakiwa-tengene greja uga ana sawatara bangunan liyane sing dibangun nalika Landa isih njajah tanah Jawa.
Greja kang nganti saiki isih dipigunakake minangka papan ngibadah dening umat Kristen iki dumunung ing dalan Letjen. Suprapto, Kota Lama Semarang. Dalan sing biyene aran De Heeren Straat mujudake dalan gedhe ing wewengkon Kota Lama Semarang.
2. Gedhung Van Dorp (malih dadi Dream Museum Zone)
Ing jaman biyen, Van Dorp mujudake perusahaan kang nyithak lan ngetokake wacan-wacan sing nduweni bobot linuwih. Jeneng dawane perusahaan mau yaiku NV. Drukkerij G.C.T Van Dorp & Co. Sanadyan perusahaan iki duweke wong Landa sing aran G.C.T Van Dorp, nanging Van Dorp ora mung nyithak buku-buku abasa Landa. Van Dorp uga akeh nyithak buku-buku abasa Jawa lan Melayu. Gedhunge dumunung ana ing dalan Oudstadhuis (saiki dalan Branjangan).
Jeneng Gedhung Van Dorp saiki wis ora ana, jalaran malih dadi Dream Museum Zone, yaiku museum tiga dimensi (3D) sing ngatonake paling ora 120 gambar 3D sing digambar ana ing jrambah (lantai) lan tembok bangunan. Iya ing kene biyen papane Gedhung Van Dorp.
3. De Javasche Bank (malih dadi Semarang Kreatif Galeri)
De Javasche Bank klebu bank paling tuwa ing Indonesia ing jamane Landa njajah negarane dhewe. Bank iki didegake dening Pamarintah Landa kang ing tembe mburi dadi cikal-bakale Bank Indonesia.
De Javasche Bank didegake awit saka prentahe Ratu Landa, Willem I kaya kang kasebut ing Layang Parentah Ratu Landa tanggal 29 Desember 1826. Sanadyan prentahe ing pungkasaning taun 1826, nanging De Javasche Bank nembe madeg ing tanggal 24 Januari 1828. Dene kantore kang pisanan didegake tanggal 1 Maret 1829.
De Javasche Bank dumunung ing dalan Letjen. Suprapto, cedhak karo Greja Blendhuk lan Gedung Oudetrap Kota Lama Semarang. Saiki gedhunge malih dadi Semarang Kreatif Galeri, papan dol-tinuku sing nyawisake barang dagangan sing ana gandheng-cenenge karo seni lan budaya gaweyane wong-wong ing sakiwa-tengene Semarang.
4. Oudetrap
Gedhung Oudetrap sing dibangun taun 1838 mujudake gedhung tingkat. Gedhung kang madeg ing sandhuwuring lemah kang jembare 1.196 meter pesagi iki, jembare bangunan ana 1.420 meter pesagi (kang dumadi saka rong jrambah utawa lantai). Papane ana sacedhake Greja Blendhuk.
Biyen Gedhung Oudetrap dienggo minangka gudhang cengkeh, rempah-rempah, lan gambir. Nalika samana gedhung iki dadi papan kumpule wong-wong sing padha dagang lan pejabat Landa. Saiki Gedhung Oudetrap digunakake kanggo sawernaning adicara sing dianakake dening Pemkot. Semarang.
Mulyono Atmosiswartoputra
Tidak ada komentar :
Posting Komentar