Tak apalah tulisan ini telat diunggah, karena saya pun baru hari ini menerima nomor bukti terbit dari majalah Djaka Lodang, sebuah majalah mingguan berbahasa Jawa.
Tulisan berjudul KARTINI SING DIGUGAT, KARTINI SING DIBELANI (Kartini yang Digugat, Kartini yang Dibela) yang dimuat di majalah Djaka Lodang, Nomor 48, Tanggal 27 April 2024, Halaman 7 ini dimaksudkan untuk mengenang Raden Ajeng Kartini.
Sampul majalah Djaka Lodang, Nomor 48, Tanggal 27 April 2024.
Majalah Djaka Lodang, Nomor 48, Tanggal 27 April 2024, Halaman 7.
Salinan dari tulisan di atas.
KARTINI SING DIGUGAT,
KARTINI SING DIBELANI
Lumantar Keputusan Presiden Nomer 108 Taun
1964, Presiden Soekarno netepake Kartini minangka Pahlawan Kemerdekaan
Nasional. Dene tanggal kelairane, 21 April, dipengeti minangka Dina Kartini.
Sanajan
pemerintah anggone netepake Kartini minangka pahlawan wis dilimbang-limbang
kanthi mateng, ewa samana ana sawatara wong kang ora sarujuk. Kaya kang
disebutake dening Eka Nada Shofa Al-Khajar ing bukune kang asesirah Pahlawan²
yang Digugat, Tafsir Kontroversi Sang Pahlawan (Penerbit Katta, Solo,
2008), pawadan olehe ora sarujuk yen Kartini katetepake minangka pahlawan,
marga Kartini olehe berjuwang mung lumantar layang-layang kang katujokake
marang kanca-kancane ing Eropa kang banjur didadekake buku dening Mr. J.H.
Abendanon.
Kajaba
saka iku, ana rasa was-sumelang tumrape wong-wong kang ora sarujuk mau, yen
layang-layang kang kacithak dadi buku iku dudu asli tulisane Kartini, nanging
wis diowahi dening J.H. Abendanon. Rasa was-sumelang mau dilandhesi yen
dicithake layang-layange Kartini dadi buku iku wektune bebarengan karo nalika
Pemerintah Walanda nindakake politik etis (politik males kabecikan) ing
Hindia Belanda. Kang mangkono marga J.H. Abendanon minangka Menteri Kabudayan,
Agama, lan Kerajinan Hindia Belanda klebu wong kang nduweni jejibahan lumakune politik
etis. Nganti saprene durung ditemokake layang-layange Kartini sing asli.
Kulawargane J.H. Abendanon, miturut Sulastin Sutrisno, uga angel dilacak dening
Pemerintah Walanda, saengga layang-layange Kartini sing asli angel ditemokake
Kartini
uga dianggep ora ajeg anggone mbelani nasibe kaum Hawa. Sanajan ing
layang-layange Kartini katon mbalela marang pakulinan kang gawe kapitunane wong
wadon, nanging ing kasunyatan Kartini ora kuwawa nolak diwayuh dening Raden
Adipati Jaya Adiningat kang wis kagungan garwa telu.
Kartini
uga ora tau perang kaya dene Keumalahayati, Cut Nya’ Din, Cut Meutia, Martha
Christina Tiahahu lan sawatara pahlawan-pahlawan wanita liyane.
Mangkono
sawetara pawadan wong-wong kang ora sarujuk geneya Kartini ditetapake dadi
pahlawan.
Sanajan
ana sing ora sarujuk Kartini ditetapake dadi pahlawan, nanging ora sethithik
sing sarujuk. Iki bisa dibuktekake kanthi akehe buku-buku kang ngrembug paraga
wanita klairan Jepara taun 1879.
Buku-buku
mau, ana sing mligi ngrembug layang-layange Kartini, ana sing ngrembug Kartini
minangka paraga emansipasi wanita, ana sing ngrembug moncere pikirane
Kartini, ana sing ngrembug yen Kartini sakawit ora paham agamane banjur dadi
paham bareng ngaji marang Kyai Sholeh Darat, ana sing ngrembug yen sedane
Kartini dinuga marga dipateni, lan liya-liyane.
Aku
klebu wong sing sarujuk Kartini ditetepake dadi pahlawan. Sanajan Kartini
durung bisa uwal saka kahanan wong wadon kudu gelem diwayuh (dipoligami),
nanging kiprahe kanggo majuning kaum Hawa ora bisa diselaki. Ora mung
saderma nulis layang saka kamar kaya anggepane wong-wong sing ora sarujuk
Kartini katetepake dadi pahlawan.
Ing bukuku kang asesirah Perempuan-Perempuan
Pengukir Sejarah (Penerbit Bhuana Ilmu Populer, Jakarta, 2018) aku tau
kandha, karo nunggu beasiswa sekolah menyang negara Walanda mudhun, Kartini
mujudake pepinginane minterake kaum Hawa. Ing sasi Juni 1903 Kartini ngedegake
sekolah kanggo bocah-bocah wadon nom saka golonganing priyayi ing wewengkon
kelairane, Jepara. Bapake, Bupati Jepara, maringi papan kanggo mulang-muruk ing
emperan pendhapa saburing kadipaten. Sawise palakrama, Kartini isih bisa
nerusake pepenginane minterake wong-wong wadon, marga garwane, Raden Adipati Jaya
Adiningat, bupati Rembang, menehi palilah marang Kartini.
Ing
kala samana, pikirane Kartini klebu luwih maju tinimbang pikirane wong-wong
wadon liyane. Marang mbakyune sing aran Sulastri, Kartini sering nyritakake
gagasan-gagasane sing nyaruwe budaya Jawa sing kolot, utawa gagasane ngenani emansipasi
wanita. Sulastri ora kok nyarujuki gagasane Kartini, nanging malah nganggep
yen Kartini wis kena daya pangaribawane budaya kulonan, lan ora ngregani
budayane dhewe. Kartini sing duwe pangerep-arep mbakyune bisa dadi kanca sing
nduweni pikiran sing padha, jebul malah kosokbaline.
Kartini
uga dadi lantaran anane jarwan Al-Qur’an. Sakawit Kartini rumangsa ora jenjem
atine marga ora bisa nresnani Al-Qur’an. Ing jaman cilikane biyen, Kartini tau
didukani dening guru ngajine marga nakokake tegese tembung-tembung ing
Al-Qur’an sing diwulangake marang dheweke. Guru ngaji babar blas ora tau
nerangake tegese wacan ing Al-Qur’an, kamangka Kartini kepengin banget
mangerteni isining Al-Qur’an. Kepriye bisa mangerteni isining Al-Qur’an yen
tegese tembung-tembung ing Al-Qur’an wae ora ngerti?
Nuju sawijing dina nalika Kartini wis diwasa,
dheweke menyang daleme pamane, Pangeran Arya Hadiningrat, bupati Demak. Ing
daleme pamane, nuju ana pengajian wulanan kang dianakake mligi kanggo
kulawarga. Kartini melu ngaji. Sing mulang ngaji Kyai Sholeh Darat, ngrembung
tafsir Al-Fatihah. Ngerti carane Kyai Sholeh Darat olehe menehi wulangan jumbuh
klawan apa sing dikarepake sasuwene iki, mula sabubare ngaji, Kartini banjur
nemoni Kyai Sholeh Darat. Kartini kandha yen selawase urip nembe pisan iki
mangerteni tegese Surat Al-Fatihah sing isine kuwawa gawe getering atine.
Kartini nyritakake yen dheweke gumun dene para ulama ora ngeparengake Al-Qur’an
dijarwakake ing basa Jawa, kamangka Al-Qur’an iku pandoming urip tumrap
manungsa. Wiwit iku Kyai Sholeh Darat kegugah atine, kepengin njarwakake
Al-Qur’an ing basa Jawa. Iki bener-bener dibuktekake dening Kyai Sholeh Darat.
Nalika Kartini palakrama, Kyai Sholeh Darat menehi bebana Kitab Faidh
Ar-Rahman marang Kartini sing isine ngrembug tegese Surat Al-Fatihah, lan
Kartini ngaturake gunging panuwun marang Kyai Sholeh Darat. Ing tembe buri,
Kyai Sholeh Darat kondhang minangka pacalang (pelopor) njarwakake
Al-Qur’an ing basa Jawa.
Mulyono Atmosiswartoputra