Rabu, 05 Juli 2023

NGREMBUG TEMBANG CAMPURSARI KANG ASESIRAH “KEDANAN”



 
Embuh wis ping pira aku nampa kiriman vidio sing isine tembang campursari Sragenan lumantar grup WhatsApp, marga grup WhatsApp ana ing handphone-ku akeh cacahe. Tembang mau asesirah "Kedanan". 

Sekawit aku mung trima ngrungokake tembange, senajan banjur mesem marga mbayangake randha sing lagi nandhang kasmaran. Nanging bareng bola-bali nampa kiriman vidio kasebut, suwe-suwe aku dadi kepengin ngrembug isine tembang kang ana ing vidio kasebut. 

Tembang kang ditembangake dening Uut Salsabilla mau nyritakake sawijining randha kang wis duwe anak loro, kedanan marang jejaka kembang desa. Apa sing marahi randha kasebut kedanan marang jejaka kembang desa? Marga jejaka mau mripate mblalak-mblalak, sajak ngawe-awe. Apa maneh yen nyawang esem lan guyune, tambah kegugah rasa atine si randha mau. Nanging apa kabeh mau bisa keturutan urip lan momong putra bebarengan? Awit, senajan si randha mau kedanan nganti awan wengi tansah kelingan, nanging kedanan bujang iku, jarene, bebasan kodhok nggayuh lintang. Mula si randha mau banjur nglakoni patigeni. Pamrihe, kareben si jejaka mau luluh atine. Saking kedanane marang jejaka mau, si randha nganti prasetya ora bakal rabi karo priya liya, marga mung jejaka mau sing dienteni.

Miturutku, apa sing dadi gegayuhane randha mau ora salah. Senajan wis duwe anak loro, duwe gegayuhan kepengin dadi bojone jejaka kembang desa iku oleh wae. Marga apa? Marga tresna iku dununge ana ing rasa. Akeh contone randha sing wis duwe anak, bisa sesandhingan karo jejaka. Tegese randha mau bisa urip bebarengan karo jejaka. Ora usah daksebut jenenge ing kene, dakkira para maos wis uninga, marga selebriti ya ana sing wis randha duwe anak, entuk bojo jejaka. Sing ora bener kuwi, yen si jejaka ora duwe rasa seneng marang si randha mau, banjur si randha njaluk biyantu dhukun amrih jejaka mau kepencut. Jalaran apa? Jalaran tresnane si jejaka marang randha mau dudu tresna kang lair saka atine, nanging marga dipaeka dening dhukun.

Banjur kepriye yen si randha kasebut nglakoni patigeni amrih si jejaka mau luluh atine? Sadurunge ngrembug apa oleh apa ora si randha nglakoni patigeni kareben si jejaka luluh atine lan gelem dadi bojone, luwih dhisik bakal dirembung bab patigeni.

Apa iku patigeni? Dinulu saka asal-usule, tembung “patigeni” dumadi saka tembung “pati” lan “geni”. Tegese: nyidhem geni. Sing dikarepake “nyidhem geni” ing kene dudu tembung wantah, nanging tembung entar (tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae). Dudu bener-bener “mateni geni”, nanging “nyidhem hawa nepsu”.

Ana ing kabudayan Jawa, patigeni iku wujude puwasa. Patigeni yaiku puwasa kang nduweni ancas kanggo nyidhem hawa nepsu jroning awak. Wong kang lagi puwasa patigeni kudu ninggalake hawa nepsu lan kadonyan. Carane kepriye? Miturut andharan kang tinulis ing https://www.idntimes.com/, wong kang puwasa patigeni iku ora entuk mangan, ngombe, turu, klebu ora entuk ngomong, nganti sedina sewengi. Ora mung kuwi, wong kang lagi puwasa patigeni uga ora oleh kena soroting srengenge. Dadi, sasuwene puwasa patigeni, wong mau kudu ana ing senthong kang ditutup rapet, ora ana cahya kang mlebu sajroning senthong. Peteng ndhedhet. Ing kono wong kang lagi puwasa patigeni, anane mung semedi karo ndonga marang Gusti.

Banjur kapan puwasa patigeni iku dilakoni? Adhedhasar pakulinan Kejawen, puwasa patigeni diwiwiti pas tiba wetone wong kang nglakoni puwasa patigeni. Suwene puwasa patigeni, beda-beda. Ana sing mung sedina sewengi, nanging ana sing nganti 40 dina. Abot? Mesthi wae abot.

Dene niyate puwasa patigeni, yaiku:


Niyat ingsun patigeni

Asirep rapet maring geni lan sinar

Aku bali maring pepeteng

Kadya purwaning dumadi mring alam luwung

Sajroning guwa garbaning sang ibu

Sedulur papat lima pancer

Tumekaning sang jabang bayine

kakang kawah adhi ari-ari

kiblat papat lima pancer

Nyawiji mring ngarsane Gusti

Niyatku patigeni

Esih miturut andharan kang tinulis ing https://www.idntimes.com/, trumrap kapercayan Kejawen, patigeni nduweni kautaman bisa nyidhem hawa nepsu saengga wong kang nglakoni patigeni ora bakal mengo yen ana lawan jenis sing nggodha. Kebaja kuwi, patigeni uga bisa dipercaya kuwawa nambah kawibawan, dadi katon tambah ayu utawa bagus, nggampangake sakabehing urusan dunya, entuk pituduhing Gusti bab jodho, panggulawentah, pakaryan lan liya-liyane.

Apa entuk puwasa patigeni? Yen miturut Islam, puwasa kuwi diwiwiti saka Subuh nganti srengenge mangslup ing wektu Maghrib. Ewa samono, kaya kang dikandhakake ana ing https://www.idntimes.com/, syariat Islam ora nglarang wong nglakoni puwasa tanpa mangan lan ngombe suwene sedina sewengi (1 x 24 jam). Nanging ukume dadi “ora oleh” yen puwasa mau terus-terusan tanpa mangan lan ngombe nganti rong dina rong bengi (2 x 24 jam) utawa luwih. Puwasa kang kaya mangkono ana ing agama Islam diarani puwasa wishal. Https://www.detik.com/ nyebutake yen Rasulullah tau nglakoni puwasa wishal, nanging puwasa iki ora disunahake kanggo umate. Rasulullah ora ngidini umate puwasa wishal. Dadi, tumrap umat Islam, becike yen puwasa ya manut piwulang agama Islam bae, ora susah nganggo cara liya. Dene kanggo umat liyane, iya mangga wae yen pancen agamane ngidini.

Iku mau bab patigeni. Saiki ngrembug liyane.

Ing tembang kang dianggit dening Jithul Sumarji, ana ukara kang muni “Ibarate kodhok nggayuh lintang”. Amrih para maos priksa jangkepe tembang kang asisirah “Kedanan”, ing ngisor iki diaturake unining tembang mau. 

                    KEDANAN 

                    Sapa sing ora kedanan mripate

Mblalak-mblalak ngawe-awe

Kegugah rasa atiku

Yen anyawang esem lan guyumu

Sayange anakku loro, wis randha

Kana jaka kembang desa

Apa bisa keturutan

Momong putra urip bebarengan

Aku kedanan

Rina wengi mung tansah kelingan

Kedanan bujang

Ibarate kodhok nggayuh lintang

Takrewangi patigeni pamrihe

Kareben luluh atine

Aku ora bakal rabi

Mung sliramu priya tak-enteni.

 

Ukara “Ibarate kodhok nggayuh lintang” iku jane mono klebu paribasan. Paribasan kang kudune muni “Cebol nggayuh lintang”, embuh kena ngapa diowahi dadi “Kodhok nggayuh lintang”. Kamangka, paribasan kudune ora entuk diowahi. 

Cebol tegese pendhek, ora dhuwur. Wong cebol iku wong sing pendhek. Paribasan “Cebol nggayuh lintang” iku mengku teges: wong kang duwe gegayuhan sing mokal klakone. Kira-kira padha karo wong pendhek kang kepengin ngranggeh lintang sing panggonane ana ing langit. Mokal bisa kasembadan.