Minggu, 19 Juni 2022

DHUWIT



Gabah ditutu dadi beras

menire kanggo pakan ayam

Dhuwit digawe saka kertas

ana uga kang saka logam


Lombok cilik jenenge rawit

digeget gawe mbrabak abang

Kepengin mangan butuh dhuwit

mangkono uga pengin nyandhang


Swara entut muni makthuwit

sing kambonan trus kepet-kepet

Kabeh-kabeh mbutuhke dhuwit

ra duwe dhuwit sirah mumet


Sembadra bojone Permadi

marune peparab Srikandhi

Dhuwit ora digawa mati

ra duwe dhuwit kaya mati


Nyangking ember nggawa kumbahan

umbah-umbah neng Kali Kemit

Nadyan dhuwit dudu sembahan

ana wong kang mangeran dhuwit


Sirah plonthos arane gundhul

mangane akeh jare dremba

Direwangi ngopeni thuyul

dimen sugih tanpa makarya


Bantal empuk kapuke randhu

dienggo turu krasa penak

Kang mangkono aja ditiru

ora becik dunya akhirat.


(Jika kali ini saya menulis parikan [atau pantun dalam bahasa Indonesia], ini untuk mengenang masa lalu di mana dulu saya pernah menulis dalam bahasa Jawa di majalah-majalah berbahasa Jawa).